Sunday, September 10, 2017

PERSIAPAN MENGHADAPI ULANGAN MID SEMESTER BAHASA JAWA NGAPAK

ASSALAMUALAIKUM WR.WB



Hasil gambar untuk ulangan



     Saiki tahun 2017. nyong wis 14 tahun lan jagong ing kelas 9 smp. gari pirang wulan maning nyong pan ulangan mid semester. ulangan mid semester tahun kie, nyong pengin nilaine bisa luwih apik saka tahun tahun wingi. pengine nilaine sih bisa 100 kabeh hehehe. ya paling ora bisa nduwure kkm kabeh lah amin ya allah(: wis kelas 9 nilaine jeblok bae isin oh. kudu ana peningkatan. lah demi mewujudkan cita citane nyong kue, nyong due macem macem persiapan kanggo ngadepi ulangan mid semester. salah sijine yaiku sinau. iyalah sinau, wis pan semesteran ora sinau nilaine jeblok oh. jare pengin nilaine apik apik. tapi ya sinaune aja arang arangan, kudu rutin endah ilmune ora ilang. ari wis sinau trus ora sinau maning, babar blas klalen kabeh laka sing kemutan. saliyane sinau, nyong juga ngakehi latihan soal kanggo ngelatih apa sing wis tak sinauni. ari wis sinau tapi ora dilatih ya padabae goroh. nyong juga seneng sinau bareng kanca kanca. walaupun asline ya luwih akeh dolane daripada sinaune. soale dong wis ketemu kanca pengine dolan terus. enake sinau karo kanca kanca kue bisa berbagi ilmu. trus misale ana sing ora ngerti bisa takon maring kancane. ari dewek wis ora ngarti trus takon kancane ya kancane ora ngarti,yawis bubar gadi males sinau. tapi ya aja kaya kue. ari ora bisa ya kudune dipelajari bareng bareng, endah padabae pahame,padabae pintere. aja bisane takon pas ulangane tok. trus misale dijelasna neng sekolahan dirungukna. aja malah ngomong dewek karo kancane apa maning turu. ngko ora paham apa sing dijelasna. dong wis ora paham gadi males sinau. mugane ari sekolah sing niat. diniati sekolah keh nggo nuntut ilmu. aja mangkat gara gara pengin ketemu wadon tok. trus dong wis dijelasna tapi tetep ora paham ya takon. aja plonga plongo kaya wong dongo. oiya,aja klalen manfaatake fasilitas sing ana kaya internet. aja bisane dolanan game tok. kudu bisa nganggo internet sebagai sumber ilm
wis cukup samene bae sarane enyong insa allah ning sampean sampean kabeh ngelakoni bisa maksimal ulanganeu.